Teks Pidato
Sugeng enjang,
Puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, amargi saking sih anugrahipun kita sedaya saged pepanggihan ugi makempal ing mriki ingkang bagas waras.
Kang kinormatan bapak Drs. Nuryantohadi Norbertus ingkang selaku kepala sekolah,
Kang kinormatan bapak/ibu guru,
Lan mboten kesupen para sederek sekaliyan kang kula tresnani,
Para sederek, sumangga kita sedaya mresani bumi kita, ingkang katah sesanget wana kang gundul ing bumi kita niki, napa maleh ing negari kita piyambak. Wana kang mulane asri lan wetah sakmenika dados wana kang gundul.
Para sederek ingkang kinasih, kita mesti eling napa bilih wana niku katah pigunanipun kagem manungsa. Kayata, kagem nyaosi hawa kang asrep, njagi sitinipun supados mboten longsor lan banjir.
Mangga kita cobi mresani negari kita wedal wanane taksih wetah kaleh sakmenika kang wanane sampun gundul. Negari kita dados benter, katah longsor lan banjir ing pundhi-pundhi. Niku sedaya amargi mboten wonten wit-witan kang ngempalaken toya napa bilih wonten jawah.
Para sederek sekalian, wana kang rumiyen wetah sakmenika dados gundul niku amargi wonten manungsa kang serakah lan mboten nggadah tanggung jawab, piyambakipun nebangi wit-witan ing wana tanpa mresani napa akibatipun mangke.
Pramila sakmenika, kita dados rakyat kang tresno dhumateng alam lan negari, mangga kita sedaya wigati sanget tumrap kita supados nguri-nguri wanane kita piyambak. Kita wangsulaken wana kita dados wana kang wetah kados rumiyen, supados negari kita wangsul maleh dados negari ingkang ayem tentrem lan edi peni.
Kula kinten cekap semanten pidato kang saged kula aturaken. Mugi-mugi dados migunani kagem para sederek sedaya lan negari kita, amin. Mbok bilih wonten kelepatan anggen kula matur, kula nuwun pangapunten ingkang katah saking para sederek sekaliyan.
Matur nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar